NADHOM FIQIH KARYA SYAIKH AHMAD RIFA'I
PAHLAWAN NASIONAL ASLI KENDAL JAWA TENGAH
ditulis oleh: Mubtadiin Azzain
Tanbihun tan tinemu sucine wongibadat
Anging ngaweruhi hukum
najis dihajat
Kang dadi sabab hasil
sucine sholat
Akeh bodo teksir
tinggal pepeke syarat
Wernane najis
Saktengah wernane najis
kapartelanan
Yoiku saben kang
mendemi kinaweruhan
Mayi’ ajur koyo sajeng
kenyataan
Lan suci kang atos
mendemi pinangan
Lan wernane malih getih
najis tinemune
Lan nanah lan
utah-utahan metune
Saking jero wetenge lan
najis tahine
Lan uyuh lan madzi lan
wadi namane
Lan banyu susune hewan
harom pinangan
Anging menungso iku
suci halal kenyataan
Lan juz tugel saking
hewan kahuripan
Liyane anak adam iku
najis hukuman
Anging wulune hewan
halal kedagingane
Iku suci ingukuman
wulune
Utawi sekeh hewan suci
hukumane
Anging au lan celeng
lan kang metune
Saking karone atowo
salah sanunggalan
Sarto hewan kang suci
lelakenan
Iku anake najis tinemu
ingukuman
Sekabehe bebatang najis
kinaweruhan
Anging iwak lan walang
lan menungso telune
Iku suci iwak walang
halal karone
Lan harom mangan ing
menungso kedagingane
Utawi ekeh mani hewan
hukumane
Iku suci anging asu lan
celeng kenajisan
Sekehe endok suci halal
pinangan
Anging endok hewan
nduweni upasan
Iku najis nyoto harom
pinangan
Pemasuhe ing
sakwiji-wiji tinemune
Keno najis iku sakpisan
kacukupane
Sakwuse bersih syarat
dicur banyune
Masuhi ing sakwiji-wiji
kenajisane
Asu celeng iku kaping
pitu wilangan
Salah sakwijine sarto
lebu becampuran
Ikulah pemasuh sartu
ingaranan
Masuh najis hukmi mung
banyu teko panggonan
Sekehe sholat
kang wajib dilakoni
Utawi sekehe sholat
kuwajibane
Iku limang perkoro
kangdihin dhuhur nyatane
Awite wektune gingsir
serngengene
Saking tengange bedok
pote tinemune
Somo sakdedek
sakiji-wiji wayangan
Liyane wayangan
tengange kinaweruhan
Naliko ono wayangan
kang katingalan
Parek manjing wektu
ashar kawitan
Kapindo wektu ashar
wiwitane
Iku wuwuhe saking
wayangan saupamane
Koyo kang wus kasebut
partelane
Pote iku surupe
erngenge nyatane
Kaping telu wektu
maghrib kinaweruhan
Yoiku wite surup
serngenge kenyataan
Surupe mego abang tan
katingalan
Iku pote wektu maghrib
kapariksanan
Kaping pat wektu isya’
nomo tinemune
Awite iku mego abang
surup nyatane
Pote iku fajar sidiq
ono tengerane
Mego malang ireng putih
becampurane
Kaping limo iku wektu
subuh ingaranan
Yoiku wite fajar sidiq
kinaweruhan
Pote iku metu serngenge
kenyataan
Ikulah wus genep limang
wektu wilangan
Partelane sholat dhuhur
patang rokaat
Ashar patang rokaat
wajibe sholat
Telung rokaat maghrib
panggerane syari’at
Isya’ papat subuh rong
rokaat kahimat
Syarat-syarat
kewajiban sholat limang wektu
Utawi sekehe syarat
kewajibane
Ingdalem sholat limang
wektu tinemune
Yoiku patang perkoro
wewilangane
Kangdihin islam tan
wajib ning donyane
Kafir asli tetapi
sinikso ning akherat
Tinggale si kafir
kewajiban sholat
Kapindo baligh ora
wajib dihajat
Ingatase rare ora dadi
maksiyat
Tinggale sholat tetapi
wajib waline
Tuwin gegentine arep
akon tinemune
Ing rare sholat ngumur
pitung tahune
Sarto wajib meruhaken
ndingin ngilmune
Ugo wus tamyiz rare iku
tinutur
Wajib mukul ing rare
sepuluh tahun ngumur
Tilar sholat pinukul
ugo ora jujur
Lamon tinggal siji
syarat tan nono ngudzur
Kaping telu aqil ora
wajib sholat
Ingatase wong akale
tinemu kapecat
Sabab edan tuwin mendem
tan dihajat
Lamon mendem dimoho
mongko wajib sholat
Koyo wajibe sholate
wong murtad anane
Kaping pat tan hed
nifas wiladah sepine
Ora wajib sholat wong
hed ka’udzurane
Lan wong nifas wiladah
somo hukumane
Ikulah wus genep papat
tinutur
Sekeh syarat kuwajiban
sholat masyhur
Arep i’timad ing
wongkang sidik pitutur
Ngaweruhi ing
panggerane syara’ kang jujur
Syarat sahe
sholat
Utawi sekehe syarat sah
tinemune
Ingdalem sholat iku
songo perkarane
Kang dihin islam
kapindo tamyiz nyatane
Kaping telu ngaweruhi
kaifiyat fardhune
Kaping pat ojo
nekodaken ing syari’at
Parintahe fardhu iku
ingaranan sunat
Kaping limo arep
ngaweruhi dihajat
Ing panjinge wektu ing
dalem sholat
Yakin atowo dhon
kelawan ono panggeran
Kaping nem wernane
ngurat katutupan
Ngurate wong lanang lan
amat tinukunan
Iku antarane wudele ojo
katingalan
Lan antarane jejengkune
karone
Ngurate wong wadon
merdiko tinemune
Iku sekabehe badan
anging rerahine
Lan epek-epeke karo
dhohir batine
Kaping pitu madep
kiblat dodo katujunan
Ing ngaine ka’bah yakin
parek katingalan
Lan dhone ati kelawan
adilah kasartanan
Ingatase wong sholat
adoh panggonan
Saking ka’bah anut ing
mujtahid fitwane
Ingatase wong tan ahli
mujtahid nyatane
Kaping wolu arep ono
suci badane
Saking hadas gede lan
cilik hukumane
Kaping songo suci dodot
lan badan
Lan nggone sholat
saking najis tan gepokan
Ora sah sholat siji
syrat katinggalan
Kang nyoto tan dhorurot
tan nono ka’udzuran
Rukun sholat
Utawi sekeh rukune
sholat tinemune
Iku wolulas kangdihin
niyat atine
Ugo wajib ngaweruhi
niyat partelane
Kapindo takbirotul
ikhrom nyatane
Wajib diparengaken
niyat partelane
Ning wiwitane
takbirotul ikhrom sholat
Kaping telu ngadek
lamon tinemu kuwat
Kaping pat moco fatihah
dihajat
Kaping limo ruku’
kaping nem tumakninah
Kaping pitu i’tidal
kaping wolu tumakninah
Kaping songo sujud
sepuluh tumakninah
Kaping sewelas iku arep
tinemu lenggah
Antarane sujud loro
kinaweruhan
Kaping rolas tumakninah
meneng badan
Kaping telulas lungguh
tahiyat wekasan
Kaping patbelas tahiyat
wewacanan
Kaping limolas moco
sholawat tinemune
Atas kanjeng nabi ning
tahiyat akhir nggone
Kaping nembelas tartib
urut-urut retine
Kaping pitulas
nuli-nuli rukun kosir nggone
Kaping wolulas moco
salam kawajiban
Kang awal salam kapindo
kasunatan
Ikulah wus genep
wolulas wilangan
Noleh aweh salam iku
sunah kelakuhan
Rukun sholat
dibagi telu
Rukune sholat wolulas
wilangane
Iku dibagi telung duman
tinemune
Kang dihin bongso ati
panggonane
Yoiku sawiji beloko
niyat atine
Kapindo iku bongso
lisan tinutur
Yoiku lelimo takbirotul
ikhrom jujur
Fatihah tahiyat
sholawat becampur
Moco salam sampurnane
sholat milahur
Kaping telu bongso
badan rolas rukunan
Ngadek ruku’ tumakninah
i’tidalan
Tumakninah sujud
tumakninah lenggahan
Antarane sujud loro
tumakninah lenggahan
Tahiyat akhir tertib mualat
dihajat
Weruho inggone tertib
lan mualat
Tan nono kang luwih
angel rukun diangkat
Tinimbang bongso lisan
binahune masyakot
Ikulah arep diseksekno
temenan
Maring alim adil benere
kawulangan
Yen wus bener mongko
nuli kaseksenan
Ikulah ojo isin sabab
takaburan
Binahu ing benere
wacanan fatihah
Tahiyat sholawat kang
wus winarah
Dadiyo sabab sholate
nyoto sihah
Temah ikhlas to’at ing
alloh ning manah
Iku bener wong sholat
mepeki syarat
Sakwuse sah iman pepeke
syarat kahimat
Ojo tiru ing kang wus
kelaku anut ingadat
Teksir batalan kurang
syarat tilar syari’at
Syarate niyatsholat
Utawi sekeh syarat
niyat tinemune
Iku limang perkoro
kangdihin ning atine
Kapindo islam kaping
telu tamyiz nyatane
Kaping pat diparengaken
ning wiwitane
Takbirotul ikhrom sak
kuwasane milahur
Kaping limo
ngelanggengaken niyat jujur
Tumeko sampurnane
sholat tinutur
Syarate ngadek arep ono
gigire jujur
Syarate
takbirotul ikhrom
Sekeh syarat takbirotul
ikhrom tinemune
Iku pitung perkoro
wewilangane
Kangdihin ngarekso
sekehe aksarane
Arep bener makhroje
huruf ning lisane
Kapindo ngarekso ing
tasydide tinutur
Kaping telu ngarekso
sekeh i’robe jujur
Kaping pat ngerungu ing
suwarane tan ngudzur
Kaping limo moco
kelawan ngadek jujur
Kaping nem tartib
urut-urut maknane
Kaping pitu nuli-nuli
wewacane
Ikulah wus genep pitu
partelane
Arep paham ojo tinemu kateksirane
Syarate moco
fatihah ingdalem sholat
Utawi sekeh syarat
fatihah wilangan
Iku wolong perkoro
kapartelanan
Kang dihin ngarekso
sekeh huruf kabeneran
Kapindo rumekso sekeh tasydid
tan katinggalan
Kaping telu ngarekso
sekeh i’robane
Kaping pat diwoco
kelawan ngadek sartane
Kaping limo arep
ngerungu dewe talingane
Kaping nem tertib ping
pitu nenuli wacane
Kaping wolu ferdhune
arep kinaweruhan
Syarate ruku’
Syarat sahe ruku’ rong
perkoro wilangan
Salah sawijine
merkungkung kabeneran
Teko epek-epeke mejono
kedadehan
Maring cecengkune ngon
cecekelane
Kapindo nejo ruku’ arep
temurune
Saking ngadek ora
kejorong tinemune
Lamon kejorong mongko
wajib baline
Syarate i’tidal
Utawi syarat sah
i’tidal kahitung
Iku rong perkoro
kangdihin tangi junjung
Saking ruku’ maring
ngadek tan bingung
Kapindo ngadek bener
ora merkungkung
Syarate sujud
Utawi sekeh syarat sah
sujud tinemune
Iku limang perkoro ono
wiwilangane
Kangdihin nejo saking ngadek
temurune
Maring sujud kelawan
ikhtiyar nejane
Kapindo kabuko batuke
tan aling-alingan
Kaping telu nelehaken
kinaweruhan
Ing satengah epek-epeke
kebatinan
Lan satengah batine
derijine tangan
Lan satengah batine
derijine sukune
Kaping pat ngeluhuraken
bokong nyatane
Ngesoraken ing sirahe
tinemune
Kaping limo sumeleh
batuk pasujudane
Sak bote sirahe ojo
anggang-anggangan
Syarate lungguh
ingdalem antarane sujud loro
Utawi syarate lungguh
kinaweruhan
Antarane sujud loro iku
rong wilangan
Salah sijine nejo tangi
ning kebatinan
Saking sujud maring
lunguh parane
Kapindo arep bener
patrap palungguhane
Ojo merkungkung
kedhohir tinemune
Syarate lungguh
tahiyyat akhir
Syarat sahe lungguh
tahiyat akhir anane
Iku koyo syarat lenggah
kapartelanan
Antarane sujud loro kinaweruhan
Syarate moco
tahiyat akhir
Utawi sekeh syarat
tahiyat akhir wacanan
Pitung perkoro tinemune
wilangan
Kangdihin ngarekso
sekehe aksarane
Kapindo ngarekso
tasydid tan katinggalane
Kaping telu ngarekso
sekehe i’robane
Kaping pat tertib
urut-urut wacane
Kaping limo mu’alat
nuli age-agean
Kaping nem lunguh
kaping pitu ngerungu wacanan
Ikulah arep titi syarat
kapepekan
Ngelindungo ing alloh
saking kesalahan
Syarate moco
sholawat ingdalem sholat
Utawi sekeh syarat sah
moco sholawat
Iku koyo sekeh syarat
moco tahiyat
Tahiyat lan sholawat
kang akhir kahimmat
Tan bicoro tahiyat awal
ingkang sunat
Lafadz tahiyat wajib
iku kang dingamal
Diwoco ning tahiyat
awal sunat kawical
Kaduwe wong moco
tahiyat awal
Wong moho moco salah
ing sholat dadi batal
Syarate moco
salam ingdalem sholat
Utawi sekeh syarat moco
salam anane
Iku nem perkoro
wilangan partelane
Kangdihin ngarekso
sekeh aksarane
Kapindo ngarekso sekeh
i’robane
Kaping telu mualat
kaping pat wilangan
Arep ngarungu dewe ning
talingan
Kaping limo moco salam
lunguh kabeneran
Kaping nem rumekso
tasydid winewehan
Lan ono lam ta’rif
kedhohirane
Ikulah wus genep nem
perkoro wilangane
Tan keno ora wong
ngibadah kanti ngilmune
Sabab dadi syarat sah
tinemune