Sabtu, 24 Februari 2018

TANBIHUN 2

NADHOM FIQIH KARYA SYAIKH AHMAD RIFA'I
PAHLAWAN NASIONAL ASLI KENDAL JAWA TENGAH

ditulis oleh: Mubtadiin Azzain

Tanbihun tan tinemu sucine wongibadat
Anging ngaweruhi hukum najis dihajat
Kang dadi sabab hasil sucine sholat
Akeh bodo teksir tinggal pepeke syarat

Wernane najis
Saktengah wernane najis kapartelanan
Yoiku saben kang mendemi kinaweruhan
Mayi’ ajur koyo sajeng kenyataan
Lan suci kang atos mendemi pinangan

Lan wernane malih getih najis tinemune
Lan nanah lan utah-utahan metune
Saking jero wetenge lan najis tahine
Lan uyuh lan madzi lan wadi namane

Lan banyu susune hewan harom pinangan
Anging menungso iku suci halal kenyataan
Lan juz tugel saking hewan kahuripan
Liyane anak adam iku najis hukuman

Anging wulune hewan halal kedagingane
Iku suci ingukuman wulune
Utawi sekeh hewan suci hukumane
Anging au lan celeng lan kang metune

Saking karone atowo salah sanunggalan
Sarto hewan kang suci lelakenan
Iku anake najis tinemu ingukuman
Sekabehe bebatang najis kinaweruhan

Anging iwak lan walang lan menungso telune
Iku suci iwak walang halal karone
Lan harom mangan ing menungso kedagingane
Utawi ekeh mani hewan hukumane

Iku suci anging asu lan celeng kenajisan
Sekehe endok suci halal pinangan
Anging endok hewan nduweni upasan
Iku najis nyoto harom pinangan

Pemasuhe ing sakwiji-wiji tinemune
Keno najis iku sakpisan kacukupane
Sakwuse bersih syarat dicur banyune
Masuhi ing sakwiji-wiji kenajisane

Asu celeng iku kaping pitu wilangan
Salah sakwijine sarto lebu becampuran
Ikulah pemasuh sartu ingaranan
Masuh najis hukmi mung banyu teko panggonan

Sekehe sholat kang wajib dilakoni
Utawi sekehe sholat kuwajibane
Iku limang perkoro kangdihin dhuhur nyatane
Awite wektune gingsir serngengene
Saking tengange bedok pote tinemune

Somo sakdedek sakiji-wiji wayangan
Liyane wayangan tengange kinaweruhan
Naliko ono wayangan kang katingalan
Parek manjing wektu ashar kawitan

Kapindo wektu ashar wiwitane
Iku wuwuhe saking wayangan saupamane
Koyo kang wus kasebut partelane
Pote iku surupe erngenge nyatane

Kaping telu wektu maghrib kinaweruhan
Yoiku wite surup serngenge kenyataan
Surupe mego abang tan katingalan
Iku pote wektu maghrib kapariksanan

Kaping pat wektu isya’ nomo tinemune
Awite iku mego abang surup nyatane
Pote iku fajar sidiq ono tengerane
Mego malang ireng putih becampurane

Kaping limo iku wektu subuh ingaranan
Yoiku wite fajar sidiq kinaweruhan
Pote iku metu serngenge kenyataan
Ikulah wus genep limang wektu wilangan

Partelane sholat dhuhur patang rokaat
Ashar patang rokaat wajibe sholat
Telung rokaat maghrib panggerane syari’at
Isya’ papat subuh rong rokaat kahimat

Syarat-syarat kewajiban sholat limang wektu
Utawi sekehe syarat kewajibane
Ingdalem sholat limang wektu tinemune
Yoiku patang perkoro wewilangane
Kangdihin islam tan wajib ning donyane

Kafir asli tetapi sinikso ning akherat
Tinggale si kafir kewajiban sholat
Kapindo baligh ora wajib dihajat
Ingatase rare ora dadi maksiyat

Tinggale sholat tetapi wajib waline
Tuwin gegentine arep akon tinemune
Ing rare sholat ngumur pitung tahune
Sarto wajib meruhaken ndingin ngilmune

Ugo wus tamyiz rare iku tinutur
Wajib mukul ing rare sepuluh tahun ngumur
Tilar sholat pinukul ugo ora jujur
Lamon tinggal siji syarat tan nono ngudzur

Kaping telu aqil ora wajib sholat
Ingatase wong akale tinemu kapecat
Sabab edan tuwin mendem tan dihajat
Lamon mendem dimoho mongko wajib sholat

Koyo wajibe sholate wong murtad anane
Kaping pat tan hed nifas wiladah sepine
Ora wajib sholat wong hed ka’udzurane
Lan wong nifas wiladah somo hukumane

Ikulah wus genep papat tinutur
Sekeh syarat kuwajiban sholat masyhur
Arep i’timad ing wongkang sidik pitutur
Ngaweruhi ing panggerane syara’ kang jujur

Syarat sahe sholat
Utawi sekehe syarat sah tinemune
Ingdalem sholat iku songo perkarane
Kang dihin islam kapindo tamyiz nyatane
Kaping telu ngaweruhi kaifiyat fardhune

Kaping pat ojo nekodaken ing syari’at
Parintahe fardhu iku ingaranan sunat
Kaping limo arep ngaweruhi dihajat
Ing panjinge wektu ing dalem sholat

Yakin atowo dhon kelawan ono panggeran
Kaping nem wernane ngurat katutupan
Ngurate wong lanang lan amat tinukunan
Iku antarane wudele ojo katingalan

Lan antarane jejengkune karone
Ngurate wong wadon merdiko tinemune
Iku sekabehe badan anging rerahine
Lan epek-epeke karo dhohir batine

Kaping pitu madep kiblat dodo katujunan
Ing ngaine ka’bah yakin parek katingalan
Lan dhone ati kelawan adilah kasartanan
Ingatase wong sholat adoh panggonan

Saking ka’bah anut ing mujtahid fitwane
Ingatase wong tan ahli mujtahid nyatane
Kaping wolu arep ono suci badane
Saking hadas gede lan cilik hukumane

Kaping songo suci dodot lan badan
Lan nggone sholat saking najis tan gepokan
Ora sah sholat siji syrat katinggalan
Kang nyoto tan dhorurot tan nono ka’udzuran

Rukun sholat
Utawi sekeh rukune sholat tinemune
Iku wolulas kangdihin niyat atine
Ugo wajib ngaweruhi niyat partelane
Kapindo takbirotul ikhrom nyatane

Wajib diparengaken niyat partelane
Ning wiwitane takbirotul ikhrom sholat
Kaping telu ngadek lamon tinemu kuwat
Kaping pat moco fatihah dihajat

Kaping limo ruku’ kaping nem tumakninah
Kaping pitu i’tidal kaping wolu tumakninah
Kaping songo sujud sepuluh tumakninah
Kaping sewelas iku arep tinemu lenggah

Antarane sujud loro kinaweruhan
Kaping rolas tumakninah meneng badan
Kaping telulas lungguh tahiyat wekasan
Kaping patbelas tahiyat wewacanan

Kaping limolas moco sholawat tinemune
Atas kanjeng nabi ning tahiyat akhir nggone
Kaping nembelas tartib urut-urut retine
Kaping pitulas nuli-nuli rukun kosir nggone

Kaping wolulas moco salam kawajiban
Kang awal salam kapindo kasunatan
Ikulah wus genep wolulas wilangan
Noleh aweh salam iku sunah kelakuhan

Rukun sholat dibagi telu
Rukune sholat wolulas wilangane
Iku dibagi telung duman tinemune
Kang dihin bongso ati panggonane
Yoiku sawiji beloko niyat atine

Kapindo iku bongso lisan tinutur
Yoiku lelimo takbirotul ikhrom jujur
Fatihah tahiyat sholawat becampur
Moco salam sampurnane sholat milahur

Kaping telu bongso badan rolas rukunan
Ngadek ruku’ tumakninah i’tidalan
Tumakninah sujud tumakninah lenggahan
Antarane sujud loro tumakninah lenggahan

Tahiyat akhir tertib mualat dihajat
Weruho inggone tertib lan mualat
Tan nono kang luwih angel rukun diangkat
Tinimbang bongso lisan binahune masyakot

Ikulah arep diseksekno temenan
Maring alim adil benere kawulangan
Yen wus bener mongko nuli kaseksenan
Ikulah ojo isin sabab takaburan

Binahu ing benere wacanan fatihah
Tahiyat sholawat kang wus winarah
Dadiyo sabab sholate nyoto sihah
Temah ikhlas to’at ing alloh ning manah

Iku bener wong sholat mepeki syarat
Sakwuse sah iman pepeke syarat kahimat
Ojo tiru ing kang wus kelaku anut ingadat
Teksir batalan kurang syarat tilar syari’at

Syarate niyatsholat
Utawi sekeh syarat niyat tinemune
Iku limang perkoro kangdihin ning atine
Kapindo islam kaping telu tamyiz nyatane
Kaping pat diparengaken ning wiwitane

Takbirotul ikhrom sak kuwasane milahur
Kaping limo ngelanggengaken niyat jujur
Tumeko sampurnane sholat tinutur
Syarate ngadek arep ono gigire jujur

Syarate takbirotul ikhrom
Sekeh syarat takbirotul ikhrom tinemune
Iku pitung perkoro wewilangane
Kangdihin ngarekso sekehe aksarane
Arep bener makhroje huruf ning lisane

Kapindo ngarekso ing tasydide tinutur
Kaping telu ngarekso sekeh i’robe jujur
Kaping pat ngerungu ing suwarane tan ngudzur
Kaping limo moco kelawan ngadek jujur

Kaping nem tartib urut-urut maknane
Kaping pitu nuli-nuli wewacane
Ikulah wus genep pitu partelane
 Arep paham ojo tinemu kateksirane

Syarate moco fatihah ingdalem sholat
Utawi sekeh syarat fatihah wilangan
Iku wolong perkoro kapartelanan
Kang dihin ngarekso sekeh huruf kabeneran
Kapindo rumekso sekeh tasydid tan katinggalan

Kaping telu ngarekso sekeh i’robane
Kaping pat diwoco kelawan ngadek sartane
Kaping limo arep ngerungu dewe talingane
Kaping nem tertib ping pitu nenuli wacane

Kaping wolu ferdhune arep kinaweruhan

Syarate ruku’
Syarat sahe ruku’ rong perkoro wilangan
Salah sawijine merkungkung kabeneran
Teko epek-epeke mejono kedadehan

Maring cecengkune ngon cecekelane
Kapindo nejo ruku’ arep temurune
Saking ngadek ora kejorong tinemune
Lamon kejorong mongko wajib baline

Syarate i’tidal
Utawi syarat sah i’tidal kahitung
Iku rong perkoro kangdihin tangi junjung
Saking ruku’ maring ngadek tan bingung
Kapindo ngadek bener ora merkungkung

Syarate sujud
Utawi sekeh syarat sah sujud tinemune
Iku limang perkoro ono wiwilangane
Kangdihin nejo saking ngadek temurune
Maring sujud kelawan ikhtiyar nejane

Kapindo kabuko batuke tan aling-alingan
Kaping telu nelehaken kinaweruhan
Ing satengah epek-epeke kebatinan
Lan satengah batine derijine tangan

Lan satengah batine derijine sukune
Kaping pat ngeluhuraken bokong nyatane
Ngesoraken ing sirahe tinemune
Kaping limo sumeleh batuk pasujudane

Sak bote sirahe ojo anggang-anggangan

Syarate lungguh ingdalem antarane sujud loro
Utawi syarate lungguh kinaweruhan
Antarane sujud loro iku rong wilangan
Salah sijine nejo tangi ning kebatinan

Saking sujud maring lunguh parane
Kapindo arep bener patrap palungguhane
Ojo merkungkung kedhohir tinemune

Syarate lungguh tahiyyat akhir
Syarat sahe lungguh tahiyat akhir anane

Iku koyo syarat lenggah kapartelanan
 Antarane sujud loro kinaweruhan

Syarate moco tahiyat akhir
Utawi sekeh syarat tahiyat akhir wacanan
Pitung perkoro tinemune wilangan

Kangdihin ngarekso sekehe aksarane
Kapindo ngarekso tasydid tan katinggalane
Kaping telu ngarekso sekehe i’robane
Kaping pat tertib urut-urut wacane

Kaping limo mu’alat nuli age-agean
Kaping nem lunguh kaping pitu ngerungu wacanan
Ikulah arep titi syarat kapepekan
Ngelindungo ing alloh saking kesalahan

Syarate moco sholawat ingdalem  sholat
Utawi sekeh syarat sah moco sholawat
Iku koyo sekeh syarat moco tahiyat
Tahiyat lan sholawat kang akhir kahimmat
Tan bicoro tahiyat awal ingkang sunat

Lafadz tahiyat wajib iku kang dingamal
Diwoco ning tahiyat awal sunat kawical
Kaduwe wong moco tahiyat awal
Wong moho moco salah ing sholat dadi batal

Syarate moco salam ingdalem sholat
Utawi sekeh syarat moco salam anane
Iku nem perkoro wilangan partelane
Kangdihin ngarekso sekeh aksarane
Kapindo ngarekso sekeh i’robane

Kaping telu mualat kaping pat wilangan
Arep ngarungu dewe ning talingan
Kaping limo moco salam lunguh kabeneran
Kaping nem rumekso tasydid winewehan

Lan ono lam ta’rif kedhohirane
Ikulah wus genep nem perkoro wilangane
Tan keno ora wong ngibadah kanti ngilmune

Sabab dadi syarat sah tinemune

TANBIHUN 2 NADHOM FIQIH KARYA SYAIKH AHMAD RIFA'I PAHLAWAN NASIONAL ASLI KENDAL JAWA TENGAH ditulis oleh: Mubtadiin Azzain Tanbi...